Berikut adalah video praktek untuk kelas 8 mengenai materi Unggah-ungguh Basa :
Unggah-ungguhing
basa utawa bisa disebut undha-usuk basa tegese yaiku tatacarane
matur/ngomong miturut penganggonane bab iki kanggo mujudake sopan
santun, tatasusila, lan tatakrama marang awake dhewe lan wong liya.
Ancase utawa tujuane dianakake unggah-ungguh basa, yaiku kanggo ngurmati
awake dhewe utamane wong liya kang mesthi dikurmati lan diajeni,
saengga bisa nuwuhake kesan padha saling ngurmati. Ing panguripan ing
saben dina, panganggone unggah-ungguh basa gampang ditemoni. Kaya wong
lagi ketemuan, utawa wong sing arep mertamu. Ing ngisor iki ana tuladha
tata carane wong sing arep mertamu. Coba simakken !
Tidak ada komentar:
Posting Komentar